1 Tetalesnya sawiji peparang sejati nggih Gusti Yesus Kristus kang dados marginya Adeging salir greja ing tengahing donya mrih mbabarken sih rahmat mring tiyang sajagad. 2 Greja tampi timbalan angabdi mring Gusti, mrih sami tetunggilan wah dados paseksi, lelados mring sesami tresnanya tan kendhat, dadya sareming bumi wah padhanging jagad. 3 Nadyan beda wujudnya yektine sajuga, tunggal baptis lan Gusti pindha badan siji, tunggila kang sinedya myang sagung panjangka, mrih kebabar yen Yesus Sang Juru Panebus.
|
|