1 Wonten pundi dununging gesang ingkang mengku katentreman Wonten pundi Sang jinebadan ingkang nuntun mring kaswargan neng pamujan kapireng swara pujining para pracaya kang sinalib yeku Sang Kristus jumeneng Juru Panebus. 2 Dhateng ngriku puruging tiyang ingkang kawraten ing dosa tyang prihatos wah tyang kesrakat tinampen klayan legawa, 3 Swaraning tangis ginantosan panglipur lan kaayeman mangga sowan mumpung winengan korining kawilujengan, 4 Gusti ngrantos mring kita sesami kang kawengku dening pati klayan tlatos nggennya nimbali marek mring ngarsaning Gusti,
|
|