1 Sestu nengsemken, dhuh Gusti, kagunganta dalem suci papan pangabekti piniji nyawa kula sanget kapang sowan Gusti sesarengan, sung panggunggung aneng pamujan, manah sumyak mring Pangeran nggih Allah kang mengku gesang. 2 Kang tansah memuji Gusti wah manggen ing dalem suci, yeku tyang rahayu ing ati, tyang kang tansah kangen Allah karosannya neng Yehuwah, tan wigih kangelan ngibadah yen kasatan jroning mlampah rinoban jawahing berkah. 3 Sadinten ing dalem suci sestu saklangkung utami timbang papan sanes ing bumi langkung prayogi ngibadah timbang ngrojongi tyang mblunthah wit Yehuwah yeku sesurya wah tamenging tyang pracaya tyang kang tan cacad lampahnya.
|
|