1 Kadya Adam lan Kawa kang dedunung neng Pirdus, ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus tresnanya murni, gesangnya suci, rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama 2X 2 Tiyang kang sesomahan kang dadya putreng Allah, ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah, jujur ing lampah wah lembah manah, arum jroning pirembagan kekah denya bebrayan. 2X 3 Tiyang kang sesomahan kang bekti mring Pangeran, bingah nggunggung Sang Rama sisah ngaub ing sihnya darma bektinya landhesan sabda; ) dadya lantaraning berkah ing bebrayan ngakathah. ) 2X
|
|