1 Tangan kekalih salaman tandha manah tunggilan sinartan janji satuhu tresna tinresnan saestu salaminya setya tansah jroning bingah dalah sisah netepi ing kuwajiban tyang utami kang bebrayan. 2 Janji mesthi den tetepi wit Gusti wus ngidini, kinekahken, binerkahan sineksenan pasamuwan, nedya tansah gesang suci srana mbangun turut Gusti, temahan brayat raharja wah pasamuwan ngrembaka. 3 Kalpika kencana adi tengering janji yekti, pinasang ing driji manis batos ngunandika aris, sakethi margane tresna nging yektine mung sajuga, sira iku memanisku lenging tresna mung sliramu.
|
|