1 Tangsul suhing pala krama ingkang sestu santosa, nggih tresna ingkang sejati tulus sepi ing pamrih, kados tresnaning Sang Rama dhateng sagunging tyang dosa myang ngurbanken kang Putra. 2 Tresna mring somah lan putra, pindha badan priyangga, sami silih angladosi, temah brayat nyawiji, lir pasamuwan kang bekti, wah mbangun turut mring Gusti, tegen ing gesang suci. 3 Gusti mesthi amberkahi, brayat kang sih sinihan, cecongkrahan den singkiri, tansah ngarah kraharjan, sami silih labet labuh, saiyeg nglawan pakewuh, tresnanya saya tuwuh.
|
|