1 Nyawaku pujinen Allah Gusti mulyakna tansah slawase sinungan umur luhurna srana masmur krana tuking kraharjan yekti namung Pangeran. 2 Andel-andel kang sejati sajuga yeku Gusti, salir jalma tanpa daya kwasane enggal sirna, tyang kang ngayom mring Allah tansah rinoban berkah. 3 Allah kang nitahken jagad kasetyane tan kendhat, mbela tyang kinaniaya nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan ngluwari pra lelaran. 4 Pangeran Allah Maasih ngrojongi tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya nyarasken tyang kang wuta, tyang mursid den kasihi wah ngrukti tyang ketrini. 5 Pangeran jumeneng raja pangrehe ing slaminya, tan nguciwakken kang nenga gya nylametken urnatnya, sagunging tyang pracaya ngidungna Haleluya.
|
|