1 Wit Sang Roh Suci kula kasagedna martosken Injil adi Kraton swarga wit Sang Roh Suci kula sinung daya nekseni Yesus Gusti Sang Pamarta. 2 Wit Sang Roh Suci kula wicaksana wijang njlentrehken sabda karseng Allah wit Sang Roh Suci kawula-sembada mbabarken gesang yekti mursid tansah. 3 Wit Sang Roh Suci kula tatag tansah ing sangsara bilai datan semplah wit Sang Roh Suci kula tan suwala jroning kinaniaya tetep setya.
|
|