1 Krana Roh Suci dedalem ing ati kula luwar sing pati gesang sanyata tentrem raharja mangkya sinungken mring kula ing wusananira manggih tangining raga kadya Sang Kristus Gusti kang mulya. 2 Krana Roh Suci kula mursid yekti mbangun turut mring Gusti gesang sembada unggul ing yuda nglawan kajuligan dosa ing wusananira tunggil kasampurnannya klayan Kristus Gusti ing swarga. 3 Krana Roh Suci kula temen ngudi mbucal gesang kang lami sregep makarya kekah ing karsa mbabarken bebener nyata ing wusananira ndherek ing kamulyannya klayan Gusti Kristus aneng swarga.
|
|