1 Dhuh Roh suci Rohing katresnan nuntuna mring kula slaminya mbabarken sih tresnaning Allah mrih jagad tentrem wah raharja ngrukunken tyang kang memengsahan nuntun mring pitobat tyang dosa nggegesang tyang semplah ing manah dhuh Gusti nuntuna mring kula. 2 Dhuh Roh Suci Roh kasunyatan nunggila mring kula slaminya mbabarken bebenering Allah mrih tobating tyang ambeg siya labuh labet sepi ing pamrih nglawan panindhes kalayan sih tan ajrih pepalang rubeda dhuh Gusti nunggila mring kula. 3 Dhuh Roh Suci Roh kaadilan nganthia mring kula slaminya ambabarken adiling Allah wit dayaning pati wus kalah ngluwari tyang binanda dosa nguculi jireting duraka ngayomi tyang ringkih wah papa dhuh Gusti nganthia mring kula. 4 Dhuh Roh Suci nggih witing berkah nglantinga mring kula slaminya ambabarken Kratoning Allah sumrambah sajagad warata jagad pulih dadya lir Pirdus wah tyang ngabekti kanthi tulus rukun lan Allah myang pepadha dhuh Gusti nglantinga mring kula.
|
|