1 Dhuh Roh Suci Rohing gesang mugi nyagedna mring pasamuwan, mbabar adil bebener nyata temah bebrayan tentrem raharja 2 Dhuh Roh Suci Roh pepadhang mugi nyantosakken pasamuwan tansah martosken Injil suci numrahken berkah mring gung sesami 3 Dhuh Roh Suci Roh pambangun mugi mbereka mring greja sagung bra ngundhangken Kratoning Allah kathah pepalang nging datan semplah. 4 Dhuh Roh Suci Roh kanyatan mugi nggigaha mring pasamuwan klayan tulus ngurbanken dhiri mrih pulihira Pirdus ing bumi.
|
|