1 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puji ing riyadi Pentekosta puniki Paduka tumedhak lumebet ing driya mrih kula pracaya Sang Pamarta Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. 2 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung sembah Paduka tumedhak nganyarken manah mrih kula saged gesang Mursid yekti sarta tansah nekseni Injil suci Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. 3 Dhuh Sang Roh Suci kawula sung puja Paduka kang ngrimati ing pracaya mrih kula mbabarken tentrem raharja nggih Kratoning Allah ketitik ngegla Pinujia Allah Sang Rama sarta Sang Putra tuwin Sang Roh Suci.
|
|