1 Sang Roh Suci sung daya ngasorken panggodha manah semplah wit sisah sestu dados bingah tyang rinoban pepeteng sinung padhang langgeng mila ayem ing driya tentrem rarja wit kwasaning Sang Roh Suci, gesang yekti tansah begja kalis sing rehing pati. 2 Sang Roh Suci sung kwasa ngasoraken dosa tyang mursal sarta mblunthah mratobat mring Allah gesang mursid sayekti nresnani sesami sarta remen leladi trusing ati
|
|