1 Sumangga pra kanca ngulukken kidung puja, wit sih paIimirma sinungken mring manungsa dene Sang Roh Suci rawuh jroning ati nggih nganyarken budi nuntun gesang suci. 2 Sumyaka sru ngidung nggunggung mring Hyang Maagung maringken Roh Suci reraton jroning ati nuntun olah tresna mring sagung pepadha numrahken kraharjan nyirik kekerasan. 3 Memuji tan kendhat wah ngundhangken sih rahmat Sang Roh Suci uga mbelani tyang pracaya mrih tan nate semplah nging grengseng makarya nggih Kratone Allah binabarna nyata.
|
|