1 Dhuh Gusti Sang Roh Suci mugi rawuh ing ati, Nganyarna manah kula mrih ing lampah prayoga, setya bekti mring Gusti, wah asih mring sesami, wit panuntun Paduka kula gesang sembada. 2 Dhuh Roh Suci, Roh Allah, nggih nyantosakna manah, lamun karoban sisah, tatag, tanggon, tan semplah, manggul salib wit Gusti martosken Injil suci, wit panuntun Paduka, gesang kula sembada. 3 Dhuh Roh Suci, Roh Kristus, nuwuhna manah tulus, andum berkah kabegjan, tan mawang mring salir tyang, temah tentrem raharja, sumrambah mring pepadha, wit panuntun paduka, kula gesang sembada.
|
|