1 Sang Roh Suci Rohing Allah kang nucekken manah nuntun pasrah Sang Pamarta sinungan waluya yen mejahi rehing dosa kanthi trusing driya manggih gesang nyata wah sampurna aneng swarga Kula samya gung kapotangan wit sihing Pangeran Yogya gesang mursid yekti manut Sang Roh Suci. 2 Sang Roh Suci Roh Kayekten maringi kasekten mrih tyang pracaya nekseni sih rahmating Gusti lamun tansah welas asih mring sagung sesami ndherek ing kamulyan luhuring Sang Kristus Gusti 3 Sang Roh Suci Roh Pepadhang kang nganyarken gesang nekseni sajroning manah kula putreng Allah lamun tanggon mikul salib ndherek Sang Pamarta dadya ahli warising Allah nunggil Sang Putra
|
|