1 Gusti kang satuhu setya sampun paring prajanji tansah nunggil kagungannya lantaran Sang Roh Suci, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci. 2 Sanyata wecananing nabi, wit sih mirmaning Gusti, pra tyang pracaya pinesthi, pinaringan Roh Suci, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci. 3 Salir tyang pracaya yekti, kapenuhan Roh Suci, sinungan kasekten adi, nekseni Injil suci ing Pentekosta ari tumedhak Sang Roh Suci. 4 Samangkya ugi binabar, tumedhaking Roh Suci, tyang pracaya gesang anyar, tresna kang trusing ati, ing Pentekosta ari, tumedhak Sang Roh Suci.
|
|