1 Ing dinten gung Pentekosta kula sung pepuja wit Sang Roh wus nuntun greja mrih lestantunira Dhuh Roh Suci maringana kasekten mring kula mrih martosna Injil suci wradin mring sesami. 2 Dayaning Roh gesang suci katindakna yekti pasamuwan nunggil tindak rukun wah sumanak 3 Rehing Sang Roh gesang anyar muwuha binabar mrih sadaya pasamuwan nyawiji sabadan 4 Gesang ing Roh yeku tresna kawujudna nyata mrih sestu tentrem raharja sumrambah ing donya,
|
|