1 Dhuh Roh Suci Roh kayekten maringana kasekten mrih tyang pracaya nekseni Injil suci sing swargi sarana tumindak nyata tresna kang trusing driya temah sagung pepadha sinungan tentrem raharja tan wonten kasangsaran mung kabegjan sinandhang. 2 Dhuh Roh Suci Rohing Allah mugi nganyarna manah sarta ngiyatna pracaya mrih kula tansah setya mbabarken Kratoning Allah adil, bener sumrambah tan semplah ing kangelan datan ajrih mring pepalang pasrah mring Sang Pamarta ngandelken pitulungnya.
|
|