1 Kristus Gusti sumengka mring swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi nggih martosken Injil sih rahmatnya kang nampenana sinungan begja bra undhangna Sang Kristus jumeneng Raja kratonira tentrem raharja. 2 Sang Pamarta sumengka mring swarga tyang pracaya dadya lantarannya mrih Kratoning Allah binabarna dhedhasarira sih welas tresna 3 Gusti Kristus sumengka mring swarga ngutus tyang pracaya mbudidaya sirnanira raos memengsahan wah karukunan kang den gegesang
|
|