1 Wus rampung wus purna pakaryaning Gusti Sang Kristus sumengka dhateng swargi mring tyang kang pracaya dhawuhira martosken Injilnya sumrambaha Gusti sumengka yeku panjernya gesang sampurna neng Kraton swarga tyang tuhu pracaya asih bekti ndherek kamulyannya nunggil Gusti. 2 Sang Kristus sumengka mulya neng akherat ngasta pangreh swarga lan jagad rat mila tyang pracaya aja wedi mikul salibira ndherek Gusti, 3 Sang Kristus sumengka mring Kraton swargi lantaran Roh Suci tansah nganthi mila tyang pracaya aywa randhat nenuntun tyang dosa mring sih rahmat, 4 Sang Kristus sumengka munggweng kraton swargi ngutus tyang pracaya dadya seksi mbabarken tresnanya mring sesami mrih samya raharja wah basuki,
|
|