1 Pepadhanging bumi wiwit nelahi ing dinten minggu adi pageger muwuhi kuwuring ati tyang Yerusalem nagri wit kuburing Yesus menga layonnya ilang musna Yesus yeku Gusti wungu sing pati dadya juru basuki Wartakna Injilnya kang mbabar tentrem raharja wujudna sih tresna srana tumindak nyata. 2 Tyang remen dursila sung warta dora nglawan bebener nyata, nging seksining Kristus bingahing driya de antaka tan daya, siksa krana Gustining rat datan ngendhakken niyat, wit Gusti prajanji tansah anganthi ngantos dumugeng swargi, 3 Pepadhang satuhu nyunari kalbu wit Yesus sampun wungu, tyang kang pracaya samangkya mardika nir kwasaning antaka, nglantarken berkahing Allah setya ing kardi tansah, dadya pepadhang wah sareming bumi mrih kamulyaning Gusti
|
|