1 Dhuh Yesus Gusti, punapa dosanta, nadyan Masuci nging sinalib seda ? krana sih tresna Paduka mring kula, Gusti toh nyawa. 2 Dhuh Ratuning rat, punapa sebabnya makuthanta ri sinami durjana ? mrih salir umat rinoban sih rahmat. luwar sing laknat. 3 Dhuh Imam Agung margine punapa sriranta suwung dados kurban nyata ? mrih sagung titah dados putreng Allah luber ing berkah. 4 Dhuh Nabi Yekti napa ndika klentu? de katrap pati krana seksi palsu wit nebus jalma sing kwasaning dosa mrih gesang nyata.
|
|