1 Neng kasa ngumandhang asma sajuga Kang anepangaken jagad lan swarga datan wonten asma kados punika kang kwasa nyirnakken pangrehing dosa napa sami dereng wanuh yeku Gusti Yesus Kristus asmane. 2 Wus pantes asmane lan pakaryane, rawuhe ing donya wit gunging sihe, nebus tiyang dosa, sinalib seda, gya wungu nyawisken swarga mring kula, napa sami dereng wanuh, yeku Gusti Yesus Kristus asmane. 3 Sang Kristus samangke ngratoni swarga, ngasta pangwasane Allah Sang Rama, ngadili jagad ing mbenjing rawuhe, kula pareng ndherek ing kamulyane, yeku Kristus Sang Pamarta, punika asmane panutan kula.
|
|