1 Gusti wungu sing seda sampun ngawonken antaka wungune Sang Pamarta panjernya tangining raga ngrasuk gesang sampurna yeku panglipur kula. 2 Gusti wus wungu yekti jumeneng ratu ing swargi sagunging tyang pracaya nggih ndherek ing kamulyannya niku prasetyan nyata yeku panglipur kula. 3 Gusti wungu sanyata mangkya jumeneng Pantara tyang kang temen pracaya rineksa sing rehing dosa temah ayem ing driya yeku panglipur kula. 4 Gusti wungu saestu jumeneng Panebus tuhu nadyan tyang memoyoki nging kanyatan dadya bukti Gusti nganthi slaminya yeku panglipur kula.
|
|