1 Swawi pra kanca girang memuji Kristus sinalib wus wungu yekti Pamarta kita wungu sanyata mangkya jumeneng ratuning gesang Gusti Panebus prange wus unggul, pati wus kalah kwasane sirna. 2 Tyang Kristen samya girang memuja, dene bebendu pawehing dosa wus sirna estu wit Gusti wungu mung karaharjan sarta kabegjan sinungken kita sing Sang Pamarta wungune Gusti yeku panjernya. 3 Swawi pra kanca girang memuja Sang Kristus Gusti unggul sing pati nunggil mring kita tyang kang pracaya Kristus panjernya tangining raga gesang sampurna neng Kraton swarga mung nggunggung tansah ngluhurken Allah.
|
|