1 Sinalib ing Golgota temah dugeng seda Yesus kang tanpa dosa nebus gung manungsa Salibing Pamarta tuladha sanyata mbelani mring sesami wit tresna sayekti. 2 Yesus rinoban siksa sinami durjana, wit ngrimati tyang nandhang nulung tyang sangsara, 3 Kristus ingewan-ewan siniya mrih mati, wit nandukken katresnan mring tyang kang mengsahi, 4 Gusti siniya-siya ingina tan kendhat, wit ngasihi tyang dosa nuntun mring pitobat, 5 Sang Mesih den gebagi tinaton sliranya, wit tan pamrih nglabuhi bener adil nyata,
|
|