1 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti Sang Kristus kang tanpa dosa dados kurban sampurna sinalibken temah seda tinegakken Sang Rama ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga ngruwat nglebur sagung dosa mbikak margining swarga. 2 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti, Kristus Panebus satuhu samangkya sampun wungu, lebur pangwasaning dosa nir dayaning antaka, Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara, Kristus mulya munggweng swarga dyan jumeneng pantara. 3 Panglipur ingkang sejati mung sih rahmate Gusti, salir tyang winengku pati sinungan gesang yekti, ndherek seda lan wungunya ndherek ing kamulyannya, ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti, ngrucat sagung gesang lami gesang enggal gumanti.
|
|