1 Sumangga prakanca marek ngarsaning Gusti anggunggung asmanya wit sihe kang sejati de krana Kang Putra kita tansah begja siang dalah ratri Gusti kang ngrimati 2 Yehuwah Makwasa kang paring kabingahan, lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan, krana Yesus Gusti maringken Roh Suci, kita dados panggah mituhu mring Allah. 3 Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti, kawula anggunggung kanthi sruning pangidung, Allah ingkang murba pra titah sadaya, mung Allah pribadya langgeng salaminya.
|
|