1 Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda wit dadya kurban sanyata nggih ngruwat manungsa dosa naraka wah antaka kwasane den sirnakna saliring tyang winenganan korining Kraton swarga ing Golgota Gusti seda marginira gung manungsa mardika gesang nyata. 2 Sinalib ing Golgota Putraning Allah seda nyulihi sagung manungsa anyanggi bebendu dosa nyirnakken rehing pati mbabarken tresna yekti wah nepangna jagad swarga mrih gesang tentrem rarja,
|
|