1 Mandeng Yesus yeku Gusti kang sinalib wah ngemasi sirna gumunggunging ati nging ngorong mring urip suci. 2 Neng ngarseng salibing Gusti drajad, bandha tan pangaji kang utami wung sawiji gesang lan wilujeng yekti 3 Sihing Gusti sestu agung tan saged kula sung liru yogya kang dadya pisungsung jiwa raga bekti sestu. 4 Yesus Masuci sampurna pinenthang wit nebus kula tuladhaning olah tresna mring tyang nyatru wah pra mitra.
|
|