1 Manungsa sampurna yekti yeku Kristus Gusti mbabarken tresna nyata srana kurban nyawa sangsara dumugeng seda nebus gung manungsa temahan samya waluya luwar sing antaka 2 Sang Kristus jalma sampurna mbabar tresna nyata saliring tyang den tresnani dalah kang mengsahi tan nandukken kekerasan ngegungken kadarman yogya samya den tuladha olah tresna nyata. 3 Sang Kristus manungsa suci citreng Allah yekti labuh labet mring sesami leladi lir abdi sinalib nggih den lampahi mrih jalma basuki lampah gesang gung utami mung nulad mring Gusti.
|
|