1 Yesus Sang Pamarta yekti wus ngawonken pati sanadyan sinalib seda nanging wungu nulya pindha wiji kang katanem lir sirna krana kapendhem nulya tuwuh lan ngrembaka sarta angrebda wohira Gusti wungu unggul sing antaka. 2 Yesus yeku yekti Gusti ingkang mengku gesang, pra pracaya nggih pra suci tan ajrih sumelang, yen sisah tan nganti semplah krana Gusti nunggil tansah, yen katempuh kasangsaran Gusti paring pangluwaran, wusananya sampurna ing swarga. 3 Yesus Gusti kang Mamulya, ngutus pra pracaya, kinen angurbanken dhiri nglabuhi sesami, mrih jagad anyar binabar tentrem raharja tan samar, nulad Gusti ing karyanya kang sampun ngurbanken srira, wit tresnanya mring sagung manungsa.
|
|