1 Neng taman Getsemane Gusti nyangga siksa miwah bebendu nglawan pagirising pati krana gunging dosaku yogya nggonku nanggapi sih rahmate Gusti yekti amung sawiji pracaya lan bekti. 2 Gusti Kristus ingewan-ewan ginebagan sarta sinapu, srirane nandhang kanisthan krana gunging dosaku, 3 Gusti sinami lan durjana nir pamore ratuning ratu, dadya kurban tan suwala krana gunging dosaku, 4 Gusti sinalib ing Golgota wit sih tresnanya kang satuhu, seda tedhak mring naraka krana gunging dosaku,
|
|