1 Abdining Sang Yehuwah, yekti mung Yesus Gusti kang sumuyud mring Allah sampurna suci kang ngurbanken dhiri wit tresna yekti mrih sesami raharja mulya ing swarga 2 Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala, ing ngarseng pangadilan seksinya dora, datan mbikak lathi milaur pati, lila legawa tulus dados Panebus. 3 Sinami tyang duraka sinalib lir durjana, sinengitan ing jagad tinampik umat, sangsara sedanya wit ngrembat dosa, mila tyang kang pracaya gesang raharja.
|
|