1 Swawi pra suci nyawiji tunggal Ati sami ngabekti memuji mring Gusti Ajrih sumelang sedhih lan kasangsaran ginantos kabegjan sihing Pangeran. 2 Ngidung tan kendhat sru nggunggung Kang Murbengrat, ngetung mukjijad lan sagung sih rahmat, lubering berkah sing swargi tansah tumrah, nyantosakken manah nyirnakken semplah. 3 Tansah ndedonga sumarah mring Sang Rama miwah rumantya nglawan mring panggodha, pra tyang pracaya klayan saeka praya, silih mbiyantonana amrih jaya.
|
|