1 Gusti Yesus sinalib, sinrahken Allah priyangngga, karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning jagad. 2 Gusti Yesus sinalib sinami lan tiyang dosa, nging yektine dosa duraka kita sinanggi ing sriranya. 3 Gusti Yesus sinalib ngurbanken srira pribadya, mrih manungsa rukun klayan Sang Rama temah gesang raharja. 4 Gusti Yesus sinalib nyirnakken kwasaning dosa, marginira rukuning sagung jalma tan mawang liyan bangsa. 5 Gusti Yesus sinalib nyirnakken dayaning pati, tyang pracaya tinuntun gesang suci wah tresna trusing ati. 6 Gusti Yesus sinalib nepangken jagad lan swarga, mrih pra jalma manjing putraning Allah dados margining berkah, 7 Gusti Yesus sinalib wit sing gunging sih tresnane, prayogane kita ndherek tindaknya mbangun turut Sang Rama.
|
|