1 Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya jinemalan lajeng kasalib anemahi seda. 2 Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang, nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang, nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya. 3 Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula, saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa, sami pinaringan apura lantaran kang Putra. 4 Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya, ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa, sestu kula rumaos begja tampi katresnannya, prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.
|
|