1 Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti kang dados juru basuki karsa ngurbanken dhiri sinalib dumugeng seda nyangnggi bebendu ning dosa mrih tyang pracaya waluya, rinukunken klayan Allah, nggih dinadosken PutraNya cinadhang kraton swarga. 2 Ing dinten riyadi niki kula nggunggung mring Gusti, kang gung tresnanya mring jalma ngantos nombokken nyawa, kang nimbali pra pracaya nderek tunggil ing sedanya nampik kepincuting dosa tansah ngudi gesang suci, mbangun turut dhateng Gusti mrih asih trusing ati.
|
|