1 Dhuh Yesus Gusti kula sinandhangan wirang rikinarya makutha pinoyok tyang kathah rinangket lir durjana, cinampah siniya dhuh Allah punapaa, tan ngeman kang Putra. 2 Dhuh Yesus kang Masuci ingganggep durjana, wit dosa kula ugi Paduka pinenthang, sestu nggen kula getun de nglawan mring Gusti, mugi Paduka tuntun mrih gesang utami. 3 Dhuh Yesus kang wineca jumeneng Pantara, mugi pra kagunganta den tansah engeta, sangsara lan kwirangan nggih salib Paduka, mrih tiyang dosa sami manggih gesang yekti.
|
|