1 Kanca suraka agiyaka Sang Ratu swarga mangkya prapta ngluwar kula sing bebandan salir kasusahan ing driya mangkya dadya pamuji suka wit sang Putra sampun prapta 2 Samangkya swarga wus binuka jatining tresna binabarna de Allah ngesorken srira Sang Pamarta tedhak mring donya wah manjalma sami tyang papa nylametken sagung manungsa. 3 Pepadhanging jagad wus prapta sung sih rahmat mring pra manungsa dimen samya wilujenga Kang Makwasa ngesorken srira paring tuladha mring manungsa olah tresna trusing driya.
|
|