1 Kabingahan kang sejati nyrambahi ing bumi Ratu adil sampun prapti jagad tentrem yekti manungsa basuki makluk wrata saos bekti. 2 Karaharjan kang sanyata tumrah mring manungsa, Sang Pamarta wus manjalma ngrembat salir dosa, nyirnakken antaka sagung bangsa asung puja. 3 Kaslametan wit sih rahmat sinungken mring jagad, Kristus prapta mbabar tresna temah tentrem rarja rukun trusing driya salir titah muji Allah. 4 Warta adya tuhu warta sing Allah Matresna Kristus Gusti mbikak swargi begja tyang pracaya sinung gesang nyata yogya tansah den undhangna
|
|