1 Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi ratuning para ratu Gustining pra gusti rungokna kidung puja sing pra bala swarga Sang Pamarta wus manjalma sung urip sanyata. 2 Sang Bayi papa lan sudra nging gung pangwasanya, mbirat salir sangsara nyirep rehing dosa, 3 Sang Bayi kang tanpa daya wit ngesorken srira, mbabar jatining tresna yogya den tulada, 4 Sang Bayi jalma sampurna nggih bekti tan cacad kang sung tentrem raharja wit gunging sih rahmat,
|
|