1 Mring tyang asor wah tyang prasaja kang angantya mring Sang Kristus Mlaekat sing swarga sung warta rawuhira Sang Panebus mung bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan yeku Sang Mesih kang wineca nggih Allah kang manjalma. 2 Mring bayi papa tanpa pamor nging yektine Sang Pamarta, sung abekti lan andhap asor miwah anteping pracaya, kang nepangken jagad lan swarga ngrukunken Allah lan jalma, wit nyirnakken dayaning dosa mila Gusti manjalma. 3 Mring tyang kang angantya Pirdus yekti tentrem raharja ing bumi, bra undhangna warta basuki rawuhing Sang Kristus Gusti, pujinen Allah Maha tresna sung Pamarta mring manungsa, luhurna Allah Mawilasa de netepi prasetya.
|
|