| KPKA 240 Pamuji Ing Dinten Natal | |
| 1 Pamuji mring Gusti kang trusing ati ing dinten riyadi natal puniki prihatosing driya ginantos bingah, kuwatosing donya sirna wit berkah. 2 Pamuji tan kendhat mring Kang Murbengrat, kang paring sih rahmat tumrah mring jagad, nggesangken tyang semplah mrih nglawan pati, ngiyatken tyang lungkrah mrih gesang suci. 3 Pepujen panggunggung konjuk Kang Magung, kang ngutus Sang Putra dadya Pamarta, nucekken manungsa sung gesang yekti, nuntun tyang pracaya setya ngabekti. 4 Pepujen kang tulus konjuk Sang Kristus, sing dhamparing swarga tedhak manjalma, nuladhani kita wah sagung titah, nandukken sih tresna dalah mring mengsah. |
| KPKA 239 | KPKA 241 |