1 Swawi prakanca kang sami pracaya Den sora sora angalembana mring Gusti kita kang Maha wilasa. 2 Sihing Pangeran mring kita pra umat, tanpa wilangan wah tanpa kendhat, yogya pinuji lan pinundhi-pundhi. 3 Kita tyang dosa nging Allah ngaksama, krana Kang Putra sinalib seda, wit sihing Gusti kita dados suci. 4 Sihing Pangeran yogya den timbangi, srana kasetyan tresna wah bekti, nyaosken badan dados kurban gesang. 5 Swawi pra suci temen anglampahi, prentahing Gusti, Gusti prajanji, tansah nulungi srana Sang Roh Suci.
|
|