1 Sing saindenging bawana ngumandhang kidung puja, methukken mring Sang Pamarta, kang manjalma neng donya Gloria Allah Maha mulya Gloria Allah Maha mulya 2 Pujining kasukan nyata, pangluwaran sing dosa, tentrem raharja neng bumi wit Sang Pamarta prapti, Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya. 3 Kidung panggunggung mring Gusti, kang gung ing sih piwlasnya, de rawuhnya tan ngadili nging nylametken manungsa, Gloria Allah Mahamulya, Gloria Allah Mahamulya.
|
|