1 Bayi kang tanpa kamulyan ginedhong neng pamakanan, nging yeku Gustining pra gusti manjalma sung gesang yekti, Tansah pinuja Allah Mamulya kang ngasihi pra manungsa tentrem raharja tumrah neng donya wit sang Pamarta wus prapta. 2 Tyang kang ngantya kaslametan winartan wartos kabegjan pangluwaran sing rehing dosa srana nampi Sang Pamarta 3 Tyang asor dalah tyang luhur sung pisungsung tandha sokur mring ratuning swargi kang prapti yeku Sang Juru Basuki 4 Yogya kula nggih memuji methukken rawuhing Gusti mbikak manah mrih sinucekken temah manggih gesang langgeng
|
|