1 Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa. 2 Nebus manungsa sing dosa paring kasucening driya mrih samya tresna-tinresnan nebihana memengsahan. 3 Nyirnakken dayaning pati wah malih nganyarken budi mrih adil bebener yekti den udi kang trusing ati. 4 Ngluberken gunging sih rahmat nuntun tyang dosa mratobat mrih salir tyang ingurmatan cundhuk klayan kamanungsan
|
|