1 Allah ngesorken srira wit nglabuhi jalma manungsa tan waluya ngendelken dhirinya mung karana tresna gesang tentrem raharja tyang lepat tinuntun tobat sranaden apura. 2 Allah tedhak manjalma wit gung ing sih tresna ngrukunken pra manungsa klayan sariranya mung tyang wani ngalah luhur bebudenira tyang kang remen karukunan sinihan Pangeran. 3 Allah ngurbanken srira wit gung ing sih rahmat nimbali pra tyang dosa mrih samya mratobat nggih remen kraharjan nyegah kadurakan wah nyirik mring kekerasan ngegungken kawlasan.
|
|